Minggu, 15 Mei 2011

chandra kinanthi


TUGAS AKHIR SEMESTER
Analisis Tembang “ Jambu Alas “

Dening :
1. Istiqomah                ( Ketua )                      ( 16 )
2. Desi Retno Palupi                                       ( 05 )
3. Fitriningsih                                                   ( 11 )
4. Garnis Segi Regiani Agustin                       ( 13 )
5. Laili Wiji Astuti                                             ( 19 )
6. Tia Fenti Yatmasari                                     ( 30 )

Kelas : 2 Akuntasi 2

Sekolah Menengah Kejuruan Negeri 1 Tempel
Jl. Magelang Km.17 Tempel, Sleman, Yogyakarta ( 55552 )
Tahun Pelajaran 2010 / 2011

ATUR SAPALA
Assalamu’alaikum.wr.wb
      Sedaya puji konjuk dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang maringi kasarasan lan kawilujengan. Satemah saged ngrampungaken Tugas Akhir Semester Genep menika.
Tugas menika dipuntulis kanthi ancas mugi-mugi samangkih saged nggadahi paedah anggenipun analisis tembang-tembang Jawi, mliginipun campursari.
      Raos panuwun dipunaturaken dhumateng pihak-pihak ingkang sampun paring pambiyantu kangge ngrampungaken tugas inggih menika:
1.        Ibu Dra. Nuning Sulastri, minangka Pangarsa SMK N 1 Tempel.
2.        Ibu Endah Martati, S.S., minangka dwija Basa Jawa lan Pembimbing.
3.        Tiyang Sepuh tim penyusun sedaya ingkang sampun nyengkuyung lan paring donga.
4.        Kanca-kanca ingkang sampun saiyeg saeka praja.
     Mekaten atur panulis tugas analisis tembang campursari. Bilih wonten kekirangan lan kalepatan tim penyusun nyuwun agunging pangapunten lan panulis tansah ngantu-antu panyaruwe saking para kadang sedaya saha pamrayogi kangge langkung saenipun makalah analisis tembang campursari menika. Nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb.
Tempel, 27 April 2011

     Timpenyusun                                                       

        ISI
I . LATAR BELAKANG            
A.      Tegesipun tembang campursari
Campursari mujudaken salah sawijining wujud kesenian tradhisional ingkang lair lan tuwuh ing Tanah Jawi. Campursari inggih menika satunggaling jenis tembang Jawi ingkang sejatinipun campuran saking gamelan Jawi lan piranti musik modern. Campursari ngemot aspek seni maneka warna. Katitik saking lagu ingkang asring dipunangge, campursari saged awujud :
1.      Lagu dolanan
2.      Langgam
3.      Macapat, lsp.
B.     Alasanipun milih tembang Jambu Alas
Alasanipun milih tembang Jambu Alas inggih menika amargi:
1.    Tembangipun sampun misuwur.
2.      Tembangipun gampil dipunapalaken.
3.      Tembangipun kapenak dipunmirengaken.
4.      Bahasanipun gampil dipunmangertosi.
5.      Gampil dipunanalisis.

C.     Tembang Jambu Alas
Kelingan manis eseme
Trus kelingan ramah gemuyune
Tresna lan kasih, kasih sayange
Karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wis nduwe bojo
Nanging aku, aku wis kadhung tresna
Nelangsa rasane  ati
Yen aku ora klakon melu nduweni      
Jambu alas kulite ijo
Sing digagas wis nduwe bojo
Ada gula ada semut
Durung randha aja direbut
Sumpah ning batin, yen kula tidak dikawin
Tekad ing ati ora bakal luru ganti
Sumpah wis janji, arep sehidup semati
Seneng sedhih bareng-bareng dilakoni
Jambu alas ndhuk, manis rasane
Snajan tilas tak enteni randhane
D.     Terjemahan tembang Jambu Alas ing basa Indonesia
Teringat manis senyumannya
Terus teringat ramah senyumannya
Cinta dan kasih, kasih sayangnya
Membuat hatiku ingin jadi pendampingnya
Sayangnya sudah punya pendamping
Tapi aku, aku terlanjur cinta
Merana rasa dihati
Jika aku tak bisa memilikinya
Jambu hutan kulitnya hijau
Yang dipikir sudah punya pendamping
Ada gula ada semut
Belum janda jangan direbut
Sumpah dihati jika saya tidak dikawin
Tekad dihati tak akan cari pengganti
Sumpah sudah janji akan sehidup semati
Suka dan duka sama-sama dijalani
Jambu hutan Dik, manis rasanya
Meski bekas kan kutunggu jandanya
E.     Paedah lan ancasipun panulisan
1.      Paedah  ingkang dipunkarepaken panulis inggih menika :
a.      Nambahi seserepan.
b.      Nglestantunaken budaya lan sastra Jawi.
c.      Nepangaken tembang campursari dhumateng masyarakat.
d.      Nyaosi gegambaran bab tembang-tembang campursari kagem masyarakat.
e.      Ngormati tembang-tembang campursari.
f.        Nepangaken gamelan-gamelan Jawi dening masyarakat.
Paedah analisis tembang inggih menika :
a.      Mangertosi isi lan maknanipun ingkang wonten tembang-tembang campursari.
b.      Nggadahi gegambaran bab tembang-tembang campursari.
c.      Tembang-tembang campursari saged kagem nglipur ati.
2.      Ancas Panulisan
Ancasipun panulisan tugas inggih menika :
a.      Kagem tugas akhir semester.
b.      Nambah seserepan bab tembang campursari.
c.      Nganalisis isi lan piwulang tembang campursari.
d.      Mangertosi isinipun tembang, mboten namung tembangipun.
II.  ANALISIS
A.      Sejarah Campursari
Campursari dipunpopuleraken dening Manthous wonten ing tahun 1980-an kanthi nglebetaken piranti musik modern wonten gamelan. Lajeng kanthi cepet mlebet unsur-unsur enggal kados langgam Jawi ( kroncong ) serta ususanipun dangdut. Kirang langkung tahun 2000-an sampun dipuntepangaken maneka warna campursari. Sinaosa campursari kathah ingkang ngritik kaliyan pandhemen murni musik menika, ananging sedaya pihak sampun sarujuk bilih campursari saged manunggalaken musik ing tanah Jawi.
Katitik saking instrumen ingkang dipunangge, bebarengan kanthi trep ngantos kapenak dipunmirengaken.Gabungan instrumen kasebat dipunangkah supados tinemu harmoni seni campursari.Instrumen campursari ingkang asring dipunangge inggih menika :
1.      Kendhang                           4. Rebab
2.      Demung                             5. Piano
3.      Gong                                  6. Gitar, lsp.
Lelagon campursari asring dipunangge kangge :
1.      Nglipur ing pahargyan mantenan, supitan, tasyakuran.
2.      Wayang kulit.
3.      Kethoprak.
B.     Tokoh-tokoh Campursari
Tokoh-tokoh Campursari ingkang kondhang inggih menika :
1.      Manthous                           4. Suyahni
A.      Analisis isi tembang Jambu Alas
Isinipun tembang Jambu Alas ingkang saged kapethik inggih menika :
Wonten tiyang kakung lan putri ingkang nandang katresnan. Nggadahi prasetya badhe sesarengan nggayuh katresnan dumugi tekaning pati. Remen lan susah bakal dilampahi sesarengan. Tresna lan asih sami-sami disoaken, ananing mboten mangertos menapa tiyang putri menika mbelanjani janji lan nilaraken tiyang ingkang sampun ditresnani piyambakipun. Ninggalaken tanpa mboten mangertosi sebabipun. Tiyang kakung menika puguh mboten saged nglalekaken tiyang wadon ingkang dipuntresnani. Lumampahing wekdal mboten nginten-inten tiyang wadon ingkang dipuntresnani sampun nggadahi garwa. Amargi sampun tresna tanpa upami, tiyang kakung menika mboten saged nilaraken rasa tresnanipun. Mila piyambake nggadahi prasetya bakal nengga randhanipun sanajan mboten saged nggadahi prawanipun.
B.     Analisis Paramasastra
1.      Tembung Lingga
Tembung lingga inggih menika tembung ingkag dereng dipunowahi saking asalipun. Wonten tembang Jambu Alas, tembung lingganipun inggih menika :
-          tresna                                       -  melu
-          kasih                                         -  rasa                         
-          karep                                        -  ganti
-          tilas
2.      Tembung Andhahan
Tembung andahan inggih menika  tembung ingkang sampun katambahan ater-ater, seselan, lan panambang.

Tembung andhahanipun wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
-                  nduwe          :   n -  +  duwe
-                  kelingan        :   ke-  +  eling  +  -an
-                  sayange       :   sayang +  -e
-                  bojone          :   bojo +  -ne
-                  kelakon         :   ke-   +  lakon
-                  nduweni        :   n-  +  duwe +  -ni
-                  kulite             :   kulit +  -e
-                  digagas        :   di-  + gagas
-                  direbut          :   di-  + rebut
-                  dikawin         :   di - + kawin
-                  tekading        :   tekad + -ing
-                  sehidup        :   se-  + hidup
-                  semati          :   se-  + mati
-                  rasane          :   rasa +  -ne
-                  randhane      :   randha +  -ne
-                  gemuyune    :   guyu + -em- + -ne
3.  Tembung Rangkep
Tembung rangkep inggih menika tembung ingkang diwaos kaping pindho, saged sakabehing tembung utawi namung sawanda kemawon.
Tuladhanipun wonten  ing tembang Jambu Alas inggih menika :
-                  bareng-bareng
-                  gemuyune



4.        Tembung Camboran
Tembung camboran inggih  menika tembung kalih utawa luwih ingkang dirangkep dados satunggal.
Tuladhanipun wonten tembang Jambu Alas inggih menika :
-          sehidup-semati
-          seneng-sedhih
5.        Tembung Tanggap
Tembung Tanggap inggih menika tembung lingga ingkang angsal ater-ater tripusara  ( dak- , ko -,di-)lan seselan –in.
Tuladhanipun wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
-            digagas           :   di -  + gagas
-            direbut             :   di -  + rebut
-            dikawin            :   di -  + kawin
-            dilakoni            :   di -  + laku + -an + -i
6.        Ayahanipun Tembung
Ayahanipun tembung wonten ing Bahasa Indonesia dipunarani “ Jabatan Kalimat “. Ayahane tembung ateges madosi peranganipun ukara ingkang dipunarani  Jejer, Wasesa, lan Lesan.




Tuladhanipun ayahan tembung wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika:
-           Jambu alas kulite ijo
                                     J
-            sing digagas   wes duwe  bojo          
                   J                    W         L                
-           Jambu alas nduk, manis rasane         
              J                    L
7.        Tegesipun Tembung
Tegesipun tembung wonten ing tembang Jambu alas inggih menika :
-            luru ganti           :   Mboten badhe pados gantosipun
-            kadung tresna   :   Kebacut tresna   
8.  Tembung Plutan
Tembung plutan inggih menika wandanipun kalih ingkang dipunrangkep dipadosaken sawanda
Tuladhanipun wonten ing Tembang Jambu Alas inggih menika :
-            uwis                :    wis
-            terus                :    trus
-            gendhuk          :    ndhuk
-            senajan           :    snajan
-            kelakon            :    klakon


C.       Analisis Basa
Basa ingkang dipunginakaken wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
1.        Basanipun campuran, amargi wonten tembang menika ugi migunakaken basa Indonesia. Tuladhanipun ing syair “ ada gula ada semut, kula  tidak dikawin, sehidup-semati “.
2.        Basa ingkang dipunginakaken bahasa saben dinten saengga gampil dimangertosi  saha anggenipun analisis.
D. Analisis piwulang budi pekerti wonten sajroning tembang Jambu Alas
Budi pekerti ingkang wonten ing tembang Jambu Alas inggih menika :
1.        Pados garwa menika mboten amargi sae rupanipun, ananging tindak tandhukipun ugi kedah dipunutamakaken.
2.        Sinaosa tresnanipun menika mboten saged diicali,ananging sedaya menika dipun tampi, bilih tiyang ingkang dipuntresnani menika sampun kagunganipun tiyang sanes, ingkang kasebat wonten syair “ sayange wis nduwe bojo nanging aku,aku wis kadung tresna, nelangsa rasa ning ati”.
3.        Menawi kapingin nggadhahi garwa menika, ampun ngantos ngrusak bale samahipun tiyang sanes, sanajan tiyang sanes menika tilas pacangipun.
4.        Anggenipun bebrayan menika, remen lan susah kedah dilampahi sesarengan, saged ngormati satunggal lan satunggalipun.
5.        Kedah tansah nggadahi raos tresna marang sisihanipun supados uripipun tentrem.




III. PANUTUP
A.   Dudutan
1.      Tembang jambu alas menika salah satunggaling tembang campursari ingkang dipunremeni masyarakat.Tembang jambu alas menika nyeritaaken pasangan ingkang dipuntinggal wadonipun lan ingkang jaler mboten saged nglalekaken tiyang wadon ingkang dipuntresnani.
2.      Tembang campursari menika mboten kalah saenipun kaleh tembang-tembang sanesipun. Buktinipun mboten namung masyarakat Jawi ingkang ngremeni tembang campursari, ananging tiyang mancanegara sampun mangertos bab campursari, satemah tiyang mancanegara kapingin sinau tembang campursari.
3.      Tembang campursari saged ical menawi masyarakat Jawi mboten kersa nglestantunaken, inggih menika kanthi cara ngawontenaken lomba-lomba nembang campursari wonten ing sekolah-sekolah, kangge piranti nepangaken tembang campursari dhumateng para mudha-mudhi.
B.   Saran
1.    Kagem panganggitanipiun, menawi ndamel tembang campursari, ukaranipun kedah ingkang sae, amargi wonten tembang ingkang ukaranipun menawi dipunmirengaken kirang sae.
2.    Dipuntambahi budi pekerti ingkang luhur dituladhani kaliyan masyarakat.
3.    Tembang campursari sakmenika sampun dilalekaken, amargi wonten tembang-tembang sanes ingkang langkung dipunremeni masyarakat. Kedahipun wonten tindakan khusus saking pemerintah supados campursari menika tetep ngrembaka.























1 komentar: